Susastra Alit, Tansah Amrucut Saking Tatananing Nalar Winingit

Oleh Indro Suprobo*

 

How many people today live in a language

that is not their own? Or no longer, or not yet, even know their own and know poorly the major language that they are forced to serve? This is the problem of immigrants, and especially of their children, the problem of minorities, the problem of a minor literature but also a problem for all of us: how to tear a minor literature away from its own language, allowing it to challenge the language and making it follow a sober revolutionary path? How to become a nomad and an immigrant and a gypsy in relation to one’s own language? Kafka answers: steal the baby from its crib, walk the tight rope.”

“Sapunika, sapinten cacahipun priyantun ingkang agesang mawi basa ingkang sanes basanipun piyambak? Punika inggih dados prakawisipun para immigrant, langkung-langkung anak turunipun, prakawisipun para alit, minangka prakawisipun susastra alit nanging ugi dados prakawisipun kita sadaya: kados pundi anggenipun susastra alit saged gingsir saking basanipun piyambak, ingkang cawis margi saengga susastra alit saged nantang basa punika lan saged anglampahi margi ingkang estu-estu enggal tanpa kanyana? Kados pundi caranipun anggenipun dados pangembara, imigran, lan gipsi tumrap basanipun piyambak? Kafka paring wangsulan: colongen bayine saka kranjange, banjur mlakua nganggo tali kang kenceng 

(Ingkang ateges bilih sok sintena kedah wantun nglampahi margi engkang estu-estu enggal lan siap sumadya ngadhepi sadaya tantangan lan risikonipun)

Gilles Deleuze, Kafka: Toward a Minor Literature

Pethikan saking pamanggihipun Gilles Deleuze punika, ingkang baken badhe caos kauningan bilih punapa ingkang kasebat minangka susastra alit (minor literature) punika boten ateges susastra ingkang kapapanaken wonten ing pinggiran (marjinal), ananging susastra ingkang anggadhahi daya kagem malumpat lan amrucut saking kungkunganipun basa utawi tatananing nalar ingkang sampun dados ugeman utawi kapitayan (winingit), langkung-langkung ingkang sampun anjalar ing bawah sadhar. Ukara ingkang mirunggan saking pethikan punika boten sanes inggih ukara ingkang negesaken kados pundi anggenipun susastra alit punika amrucut saking tatanan basanipun piyampak, lajeng caos tantangan dhumateng tatanan punika, lan andadosaken margi enggal ingkang saestu boten kanyana-nyana saderengipun (how to tear a minor literature away from its own language, allowing it to challenge the language and making it follow a sober revolutionary path?).

Kanthi makaten, sifat ingkang utami ingkang dados cirinipun susastra alit (minor literature) inggih punika sifat ambabar margi enggal, nyawisaken nalar ingkang saestu enggal lan boten kanyana, ingkang dereng nate dipun penggalih dening sak sintena. Sifat utami amrucut saking tatananing basa ingkang baken (winingit) lan nyawisaken nalar ingkang boten kanyana-nyana punika wonten ing pamanggihing Deleuze sakcara teknis kasebat mawi istilah deterritorialisasi lan rhizome. Deterritorialisasi punika tegesipun amrucut saking sadaya ingkang kasebat winingit. Rhizome punika ateges tansah ambabar margi enggal, manetes enggaling teges. 

Ingkang kasebat tatananing basa ing seratan punika boten namung ateges tatananing basa ingkang kaginakaken kagem pacelathon sadinten-dinten, nanging ugi ngemu teges sadaya ingkang magepokan kaliyan kepentingan lan kuwasa, kados dene ingkang dipun wedharaken dening Michel Foucault bilih ing salebeting basa punika ugi dumunung saperanganing kepentingan lan kuwasa. Pramila amrucut saking tatananing basa winingit lajeng ateges anyempal saking sadaya kepentingan lan kuwasa ingkang dumunung ing salebeting basa. 

Sapincuk Carita Cekak anggitanipun Yonas Suharyono ingkang nggadhahi irah-irahan Esemmu Nambahi Tatu punika, sanajan ambabaraken mawarni-warni cariyos ingkang kapundhut saking pengalaman lan kadadosan padintenan, ing pamanggih kawula, nyaosaken ciri-ciri minangka susastra alit (minor literature) puni-ka. Kanthi Sapincuk Carita Cekak ingkang kapundhut saking kadadosan padintenan punika, Yonas Suharyana saweg anda-dosaken punapa ingkang kasebat kadadosan biasa ing gesang padintenan minangka margi kangge nyaosaken nalar ingkang boten biasa utawi luar biasa. 

Ngelmu iku Kelakone Kanthi Laku

Salah satunggaling cariyos ingkang gadhah irah-irahan Jim Jempol, sanajan namung nyariyosaken kadadosan ingkang saestu biasa kangge nalaripun masyarakat Jawi ing wilayah pedesaan, saged kawaos minangka kritik etis ingkang landhep lan nyawisaken pamanggih ingkang saged dados dhedhasaring lampah gesang ingkang langkung tandhes lan luwes. Cariyos punika nyariyosaken kados pundi rama Kyai lan rama Pastur boten saged adamel Jim Jempol punika sumingkir saking margi ingkang badhe dipun langkungi dening rombongan Forum Kerukunan Umat Beragama. Ingkang saged damel sumingkiring Jim Jempol punika malahan namung lare alit ingkang nembe kemawon lulus saking Taman Kanak-Kanak, ingkang ngugemi pawucalipun guru ngaji. Ing tengahing dalu, tanpa raos wedi lan khawatir, lare alit punika mandhap saking bis rombongan, ngadeg wonten ing sangajenging kendaraan, lajeng uluk salam dhumateng Jim Jempol saengga Jim Jempol punika lajeng minggir lan maringi margi dhumateng rombongan ingkang badhe nerasaken lampah tinuju dhatheng Guwa Pindhul ing tlatah Wonosari Gunung Kidul. 

Kagem pamaos, cariyos punika boten saweg nyariyosaken prakawis kapitayan dhumateng Jim utawi makhuk-makhluk sanesipun, ananging saweg nyawisaken pamanggih bilih kawi-bawan lan ngelmu punika boten gumantung saking jabatan, posisi, gelar lan sakpiturutipun. Kawibawan klawan ngelmu punika gumantung saking panggulawenthahing laku lan sinau. Cariyos punika saged kawaos minangka kritik dhumateng nalaring jaman ingkang langkung sedya amburu gelar, jabatan, posisi lan sadaya ingkang kadosipun madeg jejer minangka landhesaning gesang, nanging sejatosipun namung dados warangka magrong-magrong nanging kosong. Kawibawan lan ngelmu punika sanes samubarang ingkang sampun dados, ingkang mandheg utawi cumawis, lan ginayuh minangka identitas, ananging minangka lelampahan, laku ingkang boten wonten mandhegipun, tansah ngglindhing kinayuh, tansah mbleber maluber-luber, tansah rinengga kanthi ngrembaka, tansah kagulawenthah kanthi jembaring manah. Kawibawan klawan ngelmu punika dados omber-dawanipun lelampahan tanpa watesan. 

Cariyos ingkang kadosipun namung nyaosaken prakawis ingkang prasaja, saged kawaos minangka cariyos ingkang ngemu tandhesing teges. Manawi kawaos minangka susastra alit (minor literature), cariyos punika saweg nyawisaken amrucuting teges saking umumipun pamanggih, lajeng ambabar margi tinuju ing wawasan enggal.

Tansah Anjangkung Gegingsiring Galih Jinunjung ingkang boten Kinungkung

Sapincuk Cariyos Cekak ingkang kaanggit dening Yonas Suharyono punika, salajengipun saged dados korining lampah panggalihan ingkang tinuju dhumateng sadaya pangupados maneges binabar enggaling teges, lan anjangkung gegingsiring galih jinunjung ingkang boten saged kinungkung. Mawarni-warni cariyos prakawis lelampahaning gesang padintenan ingkang kadosipun namung prasaja punika saged dados piranti ingkang ndungkap prakawis-prakawis ingkang manetes gegumuning rasa. Prakawis-prakawis ingkang prasaja saged kawaos kanthi mrucut saking sadaya ingkang kaentha, lajeng ambabar gegumuning rasa ingkang babar pisan boten nate kanyana-nyana. 

Untu Trewelu, ingkang ing adat sabenipun masyarakat, asring kaanggep minangka kakirangan lan pangalang-alanging pasuryan ayu, wonten ing cariyos punika saged kawaos minangka pangendah-endahing esem ingkang andadosaken gemetering kalbu. Cariyos punika nyawisaken pamanggih bilih kasunyatan anggadhahi untu trewelu punika boten saged kinungkung dening nalar lan kapitayan masyarakat ingkang dumugi sakpunika tansah paring panganggep bilih untu trewelu punika kagolong kakirangan lan kalemahan, ananging punapa ingkang dados tegesipun punika tansah saged mrucut. Kanthi makaten untu trewelu malahan lajeng jinejer minangka kakiyatan, minangka kasunyatan ingkang nengsemaken lan merak ati. Cariyos punika nedahaken mrucuting teges saking pamanggih adat sabenipun, lan ambabar enggaling pamanggih. Cariyos punika jumeneng minangka kori, miyos pundi para pamaos saged tansah anjangkung gegingsiring teges ingkang wanci boten saged kinungkung lan winates. 

Ambabar Kaluwesan, Keadilan, lan Welas Asih

Susastra alit (minor literature) ingkang tansah nyawisaken kalodhangan kagem amrucuting teges ingkang anggayuh binabar enggaling tetes, kanthi punika lajeng saged adamel swasananing gesang ingkang luwes. Gesang ingkang luwes punika inggih ateges gesang ingkang samubarangipun tansah lodhang jinangkung tanpa nate kinungkung. Gesang ingkang kados makaten punika pindha toya ingkang tansah mbrebes lan mili tanpa nate kapepet rapet. Gesang kados punika wau ugi pindha bayu ingkang tansah silir sumilir tanpa kaplintir. Gesang ingkang luwes punika samubarangipun saged tansah lumampah owah lan gingsir mangintir. Punapa kewamon lan sok sintena saged jinejer ing nginggil lajeng owah pindhah ing sangandhap, utawi angjangka mangiwa lajeng temen manengen. Sok sintena kepareng angrambah ing tengah utawi sumingkir ing pinggir. 

Kanthi punika, gesang ingkang luwes inggih ateges gesang ingkang adil. Punapa kemawon lan sok sintena tansah cinawisan kalodhanganing kesempatan. Sadaya saged sumunar makantar-kantar lan anjalar sumebar. Sadaya saged anggayuh sumringah bungah lan sembada angrembaka. Satunggal lan satunggalipun saged angronce gesang ingkang mbabaraken pepadhang. 

Kalodhangan ingkang tansah cinawisan punika andadosna sok sintena kemawon saged jinener minangka utamaning sumber, ingkang tinepangan, kinormatan, pinadosan, kapitados, lan sinengkuyung. Gesang ingkang kados makaten lajeng andadosna lubering welas asih, inggih punika nyawijining panggalihan lan pangraosan antawisipun satunggal lan satunggalipun. Punapa kemawon ingkang dados kabungahan lan anggrantesing liyan ugi dados kabungahan lan anggrantesing diri piyambak. Satunggal lan satunggalipun tansah manjing ajur ajer lan sami angupados kabecikan. 

Sapincuk Cariyos Cekak ingkang kaanggit dening Yonas Sudaryono punika, ing pungkasan lajeng saged dados margi ingkang kalampahan dening para pamaos tinuju sadaya pangupados ambangun kaluwesan, keadilan, lan welas asihing gesang saengga tansah ambabar padhang ingkang tansah anjalar.

*Indro Suprobo, Penulis, Editor, dan Penerjemah Buku, tinggal di Jogyakarta.